PRANATA ADICARA


PRANATA ADICARA

Om swastyastu
AUM angluhurakěn asma Gusti Kang Hasipat Maha Wělas lan Maha Asih
Kasugěngan kanugrahan saha sih saking Gusti Kang Murbèng Dumadi, mugya tansah kajiwa lan kasarira. Lan mugi-mugi sědaya ingkang kiněrsaakěn sagedo kasěmbadan.
Nuwun,
v  Dumatěng panjenenganipun para rama mangku, ingkang tansah cinakěting wéda pinangka panuntuning panaěmbah ingkang suci.
v  Dumatěng para sěpuh, sěsěpuh, saha pinisěpuh ingkang dados pangarsaning agami, ingkang ngěmban sěsanggěman Parisadha Hindu Dharma pinangka hantěping sradha pangolahing dharma ingkang satuhu kinurmatan.
v  Dumatěng bapak duta dharma sinuba ing pakurmatan.
v  Dumatěng bapak/ibu kadang wěrdha mudha ingkang dahat kalingga murdaning akrami. Sagung lěnggah ingkang kinurmatan.

Kanthi linambaran pepayung budi rahayu miwah ngaturakěn agunging haksama, mugi pinarěngo kawula hambuka. Kawula piniji hanjějěri pinangka pranata adicara.
Namung sakdéréngipun  angaturakěn rantamaning adicara, minangka lěkas wěkasing karti gatining karya murih purwa madya wasana pinanggih rahayu widada nir ing sambikala. Sumangga kawula dhèrèkakěn tansah maněngku puja sěmbah puji sukur ing ngarsa dalěm Gěng Gusti Ingkang Hakaryo Jagat, déné pintěn-pintěn kanugrahan, kanthi gumělaring brayan agung katitik rahayu sagung dumadi, mugya tansah kajiwa lan kasarira.
Sahingga kita sagěd hangloggarakěn pěnggalih, haminakakěn wanci, rawuh ing papan suci punika. Ing adicara persembahyangan …………………… sesarengan puniki antuk widada ing nir sambikala.
Měnggah sagung lěnggah ingkang kinurmatan,
Měnggah rantaman adicara ing rikalěnggahan punika:
1. Pambuka
2. Pamaosan Weda Suci
3. Wědhar wéda suci
4. Maněmbah sěsarěngan
6. Panutup paramasanti
Para rawuh ingkang kinurmatan, Měnggah adicoro sěpindah; pambuka kanti mantra
Om awighnam astu nama siddham
Om a no badhrah krtawoyantu wiswatah

Minggah adicara kaping kalih pamaosan wéda suci, dumatěng ingkang kajibah wěkdal sasana sumangga.
…….
Ngaturakěn agunging panuwun, mugya waosan kala wau sagěd’a daměl tětěkěning gěsang.
Minggah adicara candakipun inggih měnika wědar wéda suci, dumatěng ingkang kajibah wěkdal sasana sumangga.
…….
ngaturaken agunging panuwun.

Sagung lěnggah ingkang kinurmatan,
Měnggah adicara ingkang pamungkas maněmbah sěsarěngan kalajengakěn paramasanti.
Namung sakdéréngipun kalampahan, hambok bilih anggèn kawula angayahi jějibahan, kathah atur saha patrap ingkang mbotěn ndadosakěn rěnaning pěnggalih, awit saking cupěting sěsěrěpan  ing rih subasita twin sastra, kawula nyuwun ruměntahing pangapsami.

Mastuti hayuning diri
Měmayu hayuning bhuwana
Bilih diri těntrěm
Jagat kalimput dirgahayu
Om santi santi santi om





Komentar

Postingan Populer